Bom mobil Aleppo 2017

2017 Aleppo suicide car bombing
Péranganing the Syrian Civil War
PernahRashideen district west of Aleppo, Syria
Tanggal15 April 2017
GamansCar bomb
Pepati126+[1]
Tatu tan fatal
55+
Sing nindakakéUnknown

Tanggal 15 April 2017, sawijiné bom mobil mbledhos ora adoh saka iring-iringan bis ing wewengkon al-Rashideen, sisih kuloné Aleppo, Suriah. Bis-bis iku mau ngangkud para pengungsi saka kutha-kutha kang dikuwasani déning pamaréntah ya iku al-Fu'ah lan Kafriya kang dijaga déning wong ngraman.[2] Bom iku agawé patiné wong 126[3] ing antarané ana bocah-bocah cacah 68.[4]

Bis sing ngangkud para pengungsi iku mau pangejawantahané sapérangan rembugan kang ditengahi déning pamaréntah Suriah, Iran, lan Qatar (minangka sulih sarirane para ngraman), lan kaleksanan déning Bulan Sabit Abang Suriah Arab.[5] Wondéné kasile rerembugan ngangkud pengungsi mau, masarakat Singah Al-Fu'ah lan Kafriya, kang disokong déning pamaréntah Suriah[6] lan dikepung déning pejuang kaum Sunni, arep diangkud mara ing Aleppo.[5] Minangka imbalané, warga Madaya lan Al-Zabadani, sing akèh-akèhé pandhèrèk Sunni nyokong lawané pamaréntah, arep diangkud mara ing provinsi Idlib.[5]

  1. "Syria evacuees bomb attack death toll rises to 112: monitor". AFP. 16 April 2017.
  2. "Syria war: Huge bomb kills dozens of evacuees in Syria". BBC News (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 15 April 2017. Dibukak ing 15 April 2017.
  3. "Death toll from Aleppo bus convoy bomb attack at least 126: Observatory". Reuters. 2017-04-16. Dibukak ing 2017-04-16.
  4. "Syria war: 'At least 68 children among 126 killed' in bus bombing". BBC News (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 2017-04-17. Dibukak ing 2017-04-17.
  5. a b c "More Than 7,000 People Evacuated From 4 Besieged Syrian Towns". The New York Times. 14 April 2017. Dibukak ing 16 April 2017.
  6. al-Kurdi, Anas. "Syrian regime forces 'lost stomach to retake Idlib'". alaraby.co.uk. Dibukak ing 17 April 2017.

Developed by StudentB